Tugas dari guru

Tugas UN SMP

PIDATO BAHASA JAWA
Assalamualaikum wr. wb.
Ingkang kula hormati bapak kepala sekolah
ingkang kula hormati bapak ibu guru
kanca-kanca sedaya ingkang kula tresnani
monggo sesarengan kita memuji syukur dateng allah SWT.
ingkang sampun paringi rahmat saha hidayah dateng kito sedoyo ,
sahenggo kita ing dinten meniko saget makempal lan sesarengan wonten
acara perpisahan kelas 3 SMP X X X
Bapak ibuguru ingkang kula hormati
sepindah kula nyuwun gung ing samudra pangaksami ,
inggih meniko salami kawula dados murid wonten SMP X X X
ingkang sampun kathah kaluputan ugi kenakalan ingkang sampun
kawula lampahi,
Bapak ibuguru ingkang kula hormati,
kaping kalihipun ,kawula ngaturaken maturnuwun sanget
amargi bapak ibuguru sampun paring dikan saha bimbingan
dateng kawula,ngantos kawula saged pinter ugu kertos
unggah-ungguh ingkang sae ,mugi amal kasenan
bapak ibu guru pikantuk piwales ingkang sae saking allah.
kaping tigo nipun,dateng konco-konco ingkang kula tresnani
pakempalan ing dinten menika mboten pakempalan ingkang pungkasan ,
nanging dalan kita tasih tebih ,moggo kita sesarengan sinau ingkang sae malih
mugio kita sedoyo saged pikantuk ilmu ingkang sae malih
lan saged nggayuh cita-cita ingkang kito kajengaken ugo ampun kesupen
nyuwun pitulung dateng gusti Allah SWT
Bapak ibuguru ingkang kula hormati,
Kula sak konco -konco nyuwun pamit ugi nyuwun
doa restu nipun ,mugi kula sakonco pikantuk ridho saking Allah SWT
Makaten aluk kula saking kawula,bilih wonten kalepatan
atur kula nyuwun gung ing samodra pangaksami
Bilahitaufik wal hidayah wassalamualaikum wr. wb